Genesis 43:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature para putra: “Priyagung punika ndhedhes-ndhedhes dhateng kula sadaya tumrap kula piyambak-piyambak dalah ahli waris kula, pandangunipun: Apa bapakmu isih urip? Apa kowe isih duwe adhi? Kula lajeng sami ngaturi wangsulan ing saleresipun. Mila ngertos kula saking pundi, bilih badhe wonten dhawuh: Adhimu iku gawanen mrene!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé para anaké: “Penggedé kuwi ndedes-ndedes marang kita uga nakokké marang sanak sedulur kita kabèh: Apa bapakmu ijik urip? Apa kowé ijik nduwé adik? Kula terus pada ngomong sing sak beneré. Kepriyé kula ngerti ing ngendi, yèn bakal ana pitakonan: Adikmu kuwi gawanen mréné!”