Genesis 44:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing ngriku panjenengan dalem ngandika malih dhateng para abdi dalem: Manawa adhimu kang wuragil iku ora melu kowe mrene, kowe padha ora kena sowan marang ing ngarsaku maneh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kono sampéyan ngomong menèh marang para abdimu: Yèn adikmu sing ragil kuwi ora mèlu kowé mréné, kowé ora usah teka nang ngarepku menèh.