Genesis 45:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kajaba iku kang rama iya dikirimi kuldi lanang sepuluh, dimomoti barang-barang kang becik dhewe ana ing Mesir, apamaneh kuldi wadon sepuluh, dimomoti gandum, roti lan sangu liyane kagem ramane ana ing dalan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kejaba kuwi bapaké ya dikirimi kimar lanang sepuluh, dimomoti barang-barang sing apik déwé ing Egipte, uga kimar wédok sepuluh, dimomoti gandum, roti lan sangu liyané kanggo bapaké ing dalan.