Genesis 46:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rama Yakub tumuli tindak saka ing Bersyeba, dene para putrane Rama Israel kang mboyong Rama Yakub ramane, dalah anak-somahe dhewe-dhewe padha nunggang kreta kintunane Sang Prabu Pringon kang dianggo mapag.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yakub terus lunga sangka Bèrsyéba, lan para anaké Israèl sing ngejak Yakub bapaké, kabèh brayaté déwé-déwé numpak kréta kirimané Parao sing dienggo mapak.