Genesis 47:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan wus ora ana dhuwit, wong-wong Mesir padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf sarta matur: “Kawula mugi panjenengan dalem paringi tedha, punapa kawula kedah pejah wonten ngarsa dalem ngriki? Margi sampun sami boten gadhah arta malih.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng ing negara Egipte lan ing negara Kanaan wis ora ana duwit, wong-wong Egipte pada mara ing ngarepé Yosèf lan ngomong: “Kita sampéyan kèki pangan, apa kita kudu mati ana ngarepé sampéyan kéné? Awit wis pada ora nduwé duwit menèh.”