Genesis 47:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse kliwat setaun, wong-wonge banjur padha seba maneh marang ngarsane Sang Yusuf ing taun kang kapindhone, ature: “Boten sisah kawula selak wonten ngarsanipun gusti kawula, sarehning arta sampun telas, sarta sawontenipun raja-kaya sampun katur sadaya dhateng gusti kawula, dados sampun boten wonten malih ingkang kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kejawi namung badan kawula saha pasiten kawula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé kliwat setaun, wong-wongé terus pada mara menèh nang ngarepé Yosèf ing taun sing kaping pindo, tembungé: “Ora usah kita sélak ana ngarepé bendara kula, awit duwit wis entèk, lan kabèh kéwan-kéwan wis kabèh dadi duwèké bendara, dadi wis ora ana menèh sing kita gawa ing ngarepé bendara, kejaba mung awak kita lan keboné kita.