Genesis 47:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Punapa kawula sami kedah pejah wonten ngarsanipun gusti kawula, inggih kawula dalah pasiten kawula? Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasiten kawula kalintonana tedha, dene kawula dalah pasiten kawula badhe lumados dhateng Sang Prabu Pringon. Sarta malih panjenengan dalem mugi karsaa maringi winih, supados kawula sami gesang, sampun ngantos pejah, saha bumi ing ngriki sampun ngantos dados cengkar.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa kita pada kudu mati ana ngarepé bendara, ya kita uga keboné kita? Sampéyan gelema njupuk awak lan kebon kita ijolana pangan, dadiné kita kabèh bakal ngladèni Parao. Lan sampéyan mbok gelema ngekèki wiji, supaya kita pada urip, aja nganti mati, lan bumi kéné aja nganti dadi bongkor.”