Genesis 47:29 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Rama Israel wus ngarapake seda, banjur nimbali kang putra Sang Yusuf, lan dipangandikani: “Manawa aku oleh sihmu, bok tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku, sarta sumpaha, yen bakal nandukake katresnan lan kasetyan marang aku, yaiku: Aku aja kokkubur ana ing tanah Mesir!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu Israèl wis arepé ninggal ndonya, terus nyeluk anaké Yosèf, lan diomongi: “Yèn aku olèh kawelasanmu, mbok tanganmu tumpangna ing tengahé plakanganku, lan sumpaha, yèn bakal nindakké katrésnan lan kasetian marang aku, ya kuwi: Aku aja kok kubur ing negara Egipte!