Genesis 6:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu semono ing bumi ana bangsa sing pawakané gedé duwur; sakwisé kuwi ya ana, para anak Gusti Allah pada nuroni anaké wadon para manungsa lan kuwi pada nduwé anak, ya kuwi para wong sing gagah rosa-rosa ing jaman mbiyèn sing jenengé kesuwur.