Genesis 8:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkono uga sarupane sato-kewan kang melu sira, kabeh kang urip dadia bangsane manuk, bangsane kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang nlosor lan kang gumremet ana ing bumi, iku padha sira wetokna bebarengan karo sira; kareben padha ngambra-ambra ana ing bumi lan bebranahan, tangkar-tumangkar ana ing bumi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga sak rupané kéwan-kéwan sing mèlu kowé, kabèh sing urip: manuk, kéwan-kéwan ingon-ingon, kéwan-kéwan sing mbrangkang ndlosor lan sing nggremet ing bumi, kuwi pada tokna bebarengan karo kowé; bèn pada tambah-tambah ing bumi lan nduwé turunan, tambah okèh ing bumi.”