Genesis 8:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Noah terus nggawé mesbèh kanggo GUSTI, lan njupuk kéwan-kéwan ingon-ingon sing halal lan bangsa manuk sing halal dipasrahké dadi kurban obongan ing mesbèh.