Genesis 8:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng GUSTI mambu ambuné sedep, terus mikir mengkéné: “Ing sak terusé Aku ora bakal mbebendu bumi menèh jalaran sangka manungsa, awit sak obahé atiné manungsa kuwi dasar ala wiwit tyiliké; lan sak terusé Aku ora ngentèkké menèh marang sak rupané sing urip, kaya sing wis Tak tindakké.