Genesis 9:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sem lan Yafet tumuli njupuk jubah, banjur ditumpangake ing pundhake, sarta nutupi kalingsemane kang rama klawan lumaku mungkur, raine padha mengo, satemah ora nganti weruh kalingsemane kang ramane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sèm lan Yafèt terus njupuk jubah, terus ditumpangké ing pundaké, karo mlaku mundur, praupané pada ditutupi, supaya ora nganti weruh wudané bapaké.