Habakkuk 1:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané angger-angger terus ilang kekuwatané, lan keadilan ora tau njedul, awit wong bener dikepung karo wong duraka, njalari dadiné keadilan kuwalik.