Habakkuk 2:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bilai wong kang ngucap marang kayu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!”, lan marang watu kang bisu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!” Apa iku bisa mulang? Pancen recane kang blongsong ing mas lan salaka, nanging ing jerone ora ana rohe babar pisan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tyilaka wong sing ngomong marang kayu: “Sampéyan supaya gelem tangi!” lan marang watu sing bisu: “Sampéyan supaya gelem tangi! Apa kuwi bisa mulangi?” Pantyèn retyané sing dilapis karo emas lan slaka, nanging ing njeruhné ora ana rohé babar pisan.