Haggai 1:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé kuwi nyebar okèh, nanging setitik olèhé sing kok gawa mulih; kowé mangan, nanging ora nganti warek; enggonmu ngombé ora nganti marem; enggonmu nyandang, ora nganti anget awakmu; uga wong sing buruh, sakwisé nyambutgawé enggoné nyimpen upahé ing kantong sing bolong!