Haggai 2:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging saiki kowé sing kendel atimu, hé Sérubabèl! - mengkono tembungé GUSTI - hé, imam gedé Yosua, anaké Yosadak, sing kendel atimu! Hé sak kabèhé para wong isiné negara, pada kuwatké atimu! mengkono tembungé GUSTI; pada tandanga, awit Aku nuntun kowé, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi.