Hebrews 10:29 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lah wong sing sembrana karo Gusti Yésus Kristus Anaké Gusti Allah menèh? Uga wong sing nyepèlèkké getihé Gusti Yésus sing dienggo netepké prejanjiané Gusti Allah lan sing wis ngresiki wong kuwi sangka dosa. Uga wong sing sembrana karo Roh Sutyi sing wis ngetokké kabetyikané marang wong kuwi. Kaya ngapa aboté setrapané wong sing kaya ngono kuwi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa ora mundak aboté paukuman sing kudu disangga karo wong sing sembrana marang Putrané Gusti Allah, lan sing nganggep reget marang getih perjanjian sing nyutyèkké wong mau, lan ora ngajèni marang Rohé kawelasan!