Hebrews 11:20 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka pracaya Rama Iskak anggone mberkahi marang Yakub sarta Esau kanthi mirsani kang bakal kalakon.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kaping limané para sedulur, dipikir enggoné Isak pretyaya marang tembungé Gusti Allah. Jalaran dèkné pretyaya marang tembungé Gusti Allah, Isak mberkahi anaké ragil Yakub lan anaké mbarep Esau. Isak pretyaya nèk Gusti Allah uga bakal mberkahi Yakub lan Esau lan turunané ing tembé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka pertyaya, Isak enggoné mberkahi marang Yakub lan Esau karo weruh sing bakal kelakon ing bakalé.