Hebrews 11:40 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kenèng apa Gusti Allah kok ora nglilani wong-wong iki kawit mbiyèn nampa panebusé dosa kaya sing wis dijanji? Jalaran Gusti Allah wis nduwèni gagasan sing luwih apik kanggo awaké déwé, yakuwi, karepé Gusti Allah wong-wong kuwi bisa bareng karo awaké déwé nampa pangapura sangka dosa sak kabèhé, supaya bisa pantes mara nang ngarepé Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Jalaran Gusti Allah wis nyepakké sing luwih betyik kanggo kita; wong-wong kuwi ora bakal bisa nggayuh kasampurnan yèn ora bareng kita.