Hebrews 11:9 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka pracaya iku panjenengane manggen ing tanah kang kaprasetyakake kaya-kaya ana ing tanah ngamanca sarta ana ing kono panjenengane dedalem ana ing tarub karo Iskak lan Yakub, kang padha ndherek dadi ahli warise tunggal prasetya iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Jalaran Bapa Abraham pretyaya marang tembungé Gusti Allah, dèkné bisa manggon nang negara kuwi kaya wong njaba, senajan Gusti Allah wis janji marang dèkné, nèk negara kuwi bakal wèké dèkné. Bapa Abraham manggon nang omah lulang, semono uga anaké, yakuwi Isak lan uga putuné, yakuwi Yakub, awit uga pada nampa prejanjian kuwi sangka Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka pertyaya, Abraham manggon ing negara sing dijanjèkké kuwi dadi wong mantya lan ing kono Panjenengané manggon ing tarup karo Isak lan Yakub, sing pada nunggal dadi juru warisé perjanjian.