Hebrews 13:9 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané para sedulur, diéling piwulangé para penuntun sing wis pada mati kuwi lan aja sampèk kowé nggatèkké marang piwulang sing ora-ora, sing namung marakké kowé ninggal dalané Gusti. Awaké déwé bisa ketampa Gusti Allah jalaran Dèkné ngétokké kabetyikané lan kawelasané marang awaké déwé, ora jalaran awaké déwé ora mangan iki apa ora mangan kaé. Wujuté wong-wong sing pada temen netepi pernatan-pernatan bab sing ora éntuk dipangan kuwi ya ora nampa bati apa-apa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé aja nganti pada kena disasarké karo piwulang werna-werna liyané. Sing betyik ya kuwi yèn atimu dikuwatké karo kawelasan, lan ora awit karo pernatan bab pangan sing ora maédahi marang wong sing nuruti kuwi.