Hebrews 4:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit tembungé Gusti Allah kuwi urip lan gedé kwasané lan landepé ngungkuli pedang sing landep kiwa-tengen. Tembungé Gusti Allah bisa mlebu jeru ing atiné manungsa, misah roh lan nyawa, balung lan sungsum. Mulané tembungé Gusti Allah bisa ngétokké ala-betyiké pikiran lan kekarepané manungsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit tembungé Gusti Allah kuwi urip lan kuwat lan luwih landepé tenimbangané sak kabèhé pedang sing landepé kiwa-tengen. Nunjem jeru nganti misahké nyawa lan roh, ros-rosan lan sungsum; bisa ngadili pikiran lan angen-angené ati kita.