Hebrews 4:14 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Jalaran sangka kuwi para sedulur, hayuk awaké déwé pada nggondèli sing kentyeng marang pengandel sing diakoni karo awaké déwé. Kenèng apa aku kok ngomong kuwi? Awit awaké déwé iki nduwé Imam Gedé sing wis mlebu swarga lan teka nang ngarepé Gusti Allah, yakuwi Gusti Yésus, Anaké Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kita pada nduwé Imam Gedé, sing wis munggah ngliwati sak kabèhé langit, ya kuwi Yésus, Putrané Gusti Allah, mulané kita pada ngantepana pengaku pertyaya kita.