Hebrews 4:7 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané Gusti Allah nyawiské dina liyané, yakuwi dina sing diarani “dina iki,” kanggo wong-wong, supaya bisa nampa katentremané. Gusti Allah wis ngomongké bab kuwi marang mbah-mbahané awaké déwé dèk mbiyèn, nanging let pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Gusti Allah ngomongké bab iki menèh lantaran ratu Daved, sing uniné kaya sing ndisik mau: “Ing dina iki, nèk kowé krungu swarané Gusti Allah, kowé aja pada wangkot atimu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané, Panjenengané nemtokké dina menèh, ya kuwi “dina iki”, nalika Panjenengané ngomong lantaran Daved suwé sakwisé kuwi, kaya sing wis disebut ing ngarep mau, “Ing dina iki, yèn kowé pada krungu swarané, aja pada mangkotké atimu!”