Hebrews 5:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mungguh prakara iku akeh sing kudu padha dakkandhakake, ananging angel diterangake, marga kowe wis padha dadi alot ing pangrungumu.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, pantyèn, bab Kristus sing dadi Imam Gedé kanggo awaké déwé kuwi ijik okèh sing kudu tak rembuk karo kowé. Nanging kangèlan banget enggonku arep ndunung-ndunungké marang kowé. Apa ta sing marakké angèl? Jalaran kowé malih males lan nglemer ing pamikir, ora tyepet.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo perkara kuwi okèh sing kudu pada Tak omongké, nanging angèl didunungké, awit kowé wis pada rendet yèn ngrungokké.