Hebrews 6:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka iku payo padha ninggal wiwit-wiwitaning dhasar-dhasare piwulang bab Sang Kristus sarta padha nerusake candhake satutuge. Kita aja nganti masang maneh tetalesing pamratobat saka tingkah laku kang muspra, sarta tetalesing pracaya marang Gusti Allah,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané para sedulur, hayuk saiki awaké déwé pada ninggal piwulang sing wiwitan. Hayuk aja mbolan-mbalèni piwulang bab ninggal klakuan ala, bab nurut Gusti Allah lan bab klakuan sing ala sing entèk-entèké nekakké pati. Uga piwulang bab pengandel marang Gusti Allah, bab pembaptisan, bab ndonga nganggo tumpangan tangan, bab tangi sangka pati lan bab setrapan sing langgeng sangka Gusti Allah. Hayuk piwulang-piwulang kuwi diliwati lan hayuk pada ngantyiki piwulang sing luwih duwur, piwulang kanggo wong sing diwasa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi, hayuk pada ninggal dasar-dasar sing wiwitan piwulang bab Kristus lan pada ngalih marang piwulang sing sampurna. Kita aja nganti masang menèh dasaré mratobat sangka penggawé-penggawé sing tanpa guna, lan dasaré pertyaya marang Gusti Allah,