Hebrews 6:7 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, sing tak omong iki kenèng dipadakké karo kebon kaé. Nèk dipikir, wujuté Gusti Allah mberkahi lemah sing nesep banyu udan, sampèk ngetokké tanduran sing kenèng dipangan karo sing nggarap kebon mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit bumi sing nyerot banyu udan sing kerep medun ing kono, terus ngetokké tanduran apa waé sing maédahi kanggo sing nggarap kuwi, nampani berkah sangka Gusti Allah;