Hebrews 7:11 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi wis ngolehake kasampurnan -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret -- apa sababe dene isih ana Imam Agung liyane kang katetepake manut tatane Sang Melkisedhek sarta ora kasebut manut tatane Imam Agung Harun?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, saiki hayuk pada mikir bab Gusti Yésus Kristus sing dadi Imam Gedé kanggo awaké déwé. Menawa kowé takon: “Kenèng apa awaké déwé saiki kok mbutuhké Imam Gedé sing liyané, sing kaya Mèlkisedèk, ora kaya Lévi lan turun-turunané?” Aku bisa semaur ngéné: dongé nabi Moses ngekèki wèt-wèté Gusti Allah, dèkné miji Aron lan turunané, supaya nata lan nuntun bangsané enggoné pada ngabekti Gusti Allah miturut pernatané. Nanging senajana pada temen, kuwi meksa ora bisa ngresiki atiné sak kabèhé kaya sing dikarepké Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi, yèn lantaran imamané Lèwi kasampurnan kuwi bisa digayuh - jalaran awit imamané kuwi, umat Israèl wis nampani Torèt - apa sebabé nanging ijik ana imam gedé liyané sing perlu ditetepaké miturut pernatané Mèlkisèdèk, sing ora disebut miturut pernatané Harun?