Hebrews 7:27 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
kang ora kaya para imam agung liyane, kang saben-saben kudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewe lan sawise iku lagi tumrap dosane umate, sabab prakara iku wus katindakake dening Panjenengane sapisan kanggo salawase nalika Panjenengane ngaturake sarirane piyambak minangka kurban.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus Imam Gedé sing béda tenan karo imam liya-liyané, awit imam liya-liyané saben dina kudu masrahké kurban marang Gusti Allah kanggo dosané déwé ndisik lan sakwisé kuwi bisa masrahké kurban kanggo dosané bangsané. Nanging Gusti Yésus ora usah ngono, awit wis masrahké kurban sepisan kanggo dosané manungsa lan kuwi kanggo slawas-lawasé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané ora kaya para imam gedé liyané, sing saben dinané kudu masrahké kurban kanggo dosané déwé lan sakwisé kuwi banjur kanggo dosané umat. Awit perkara kuwi wis ditindakké karo Panjenengané sepisan kanggo selawasé, nalika Panjenengané ngurbanké Panjenengané piyambak.