Hebrews 7:28 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab angger-anggering Toret iku netepake para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairake sawuse angger-anggering Toret, iku njumenengake Sang Putra, kang wus sampurna ing salawas-lawase.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Imam-imam Gedé sing dipiji miturut wèt-wèté nabi Moses kuwi namung wong urip sing okèh karingkihané. Nanging Imam Gedé miturut prejanjian sing anyar, prejanjian sing tekané sakwisé wèté nabi Moses, sing dipiji karo Gusti Allah nganggo sumpah, kuwi Imam Gedé sing ora ènèng karingkihané lan sing langgeng, kuwi Anaké Gusti Allah déwé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit angger-anggeré Torèt kuwi netepaké para wong sing ngalami keringkihané dadi imam gedé, nanging sumpah, sing diutyapké sakwisé angger-anggeré Torèt, netepaké Putra, sing wis didadèkké sampurna ing sak lawas-lawasé.