Hebrews 8:4 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saupama Panjenengane ana ing bumi iki, Panjenengane babar pisan ora bakal jumeneng Imam, amarga ing kene wus ana para imam kang padha nyaosake pisungsung manut angger-anggering Toret.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging semunggoné Gusti Yésus nang bumi kéné, Dèkné ya blas ora usah dadi imam, awit wis ènèng imam okèh sing masrahké kurban miturut wèt-wèté nabi Moses.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn Panjenengané ing bumi iki, Panjenengané babar pisan ora bakal dadi imam, awit ing kéné wis ana sing pada masrahké pisungsung miturut angger-anggeré Torèt.