Hebrews 9:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kalakon. Panjenengane wus nglangkungi tarub kang luwih gedhe sarta kang luwih sampurna kang ora kayasa dening tanganing manungsa, -- tegese dudu panunggalane kang tumitah iki --,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané, para sedulur, saiki Kristus wis teka lan Dèkné dadi Imamé Gedé awaké déwé. Bareng karo Kristus, Gusti Allah ngedunké sembarang sing betyik kanggo awaké déwé, sembarang sing sakdurungé wis dijanji. Kristus ora ngladèni Gusti Allah nang tarup gawéané manungsa, tegesé ora panggonan ing donya kéné, nanging panggonan sing luwih apik lan sutyi sak kabèhé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Kristus wis teka dadi Imam Gedé kanggo perkara-perkara betyik sing bakal kelakon; Panjenengané wis ngliwati tarup sing luwih gedé lan luwih sampurna, sing ora digawé karo tangané manungsa, tegesé duduk tunggalé sing digawé iki,