Hebrews 9:14 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané para sedulur, nèk getihé kéwan waé wis bisa marakké wong sing nglakoni ala ngabekti marang Gusti Allah menèh, apa ora ngungkul-ungkuli kuwi kwasané getihé Gusti Yésus. Katuntun karo Roh sing langgeng Kristus masrahké uripé sak kabèhé marang Gusti Allah dadi kurban sing resik. Kristus wis mati nglabuhi awaké déwé, mulané saiki awaké déwé ora rumangsa nduwé salah, senajan awaké déwé mauné nglakoni ala lan kudu dipatèni karo Gusti Allah. Nanging saiki awaké déwé wis diutyuli sangka rasa salah kuwi, supaya awaké déwé bisa ngabekti lan ngladèni Gusti Allah sing urip, saiki lan slawasé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
luwih-luwih menèh getihé Kristus, sing awit karo Roh sing langgeng wis ngurbanké Panjenengané piyambak marang Gusti Allah kanggo pisungsung sing tanpa tyiri, kuwi bakal nyutyèkké pikirané ati kita sangka penggawé sing tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah sing urip.