Hebrews 9:15 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise prajanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kejaba sangka kuwi para sedulur, kowé kudu ngerti bab sing arep tak omong iki. Kristus wis nglakoni pati nggawèkké dalan awaké déwé, supaya awaké déwé bisa ngabekti lan ngladèni Gusti Allah. Gusti Allah saiki miji Dèkné dadi Imam Gedé sing ngrukunké manungsa karo Gusti Allah lan nglakokké prejanjian sing anyar. Mengkono kuwi wong-wong sing wis dipanggil nurut Gusti Allah manut prejanjian sing ndisik bisa nampa panduman sing langgeng, kaya sing wis dijanji karo Gusti Allah. Kuwi bisa klakon, jalaran Kristus wis nglakoni pati kanggo nebus dosa-dosa kabèh sing dilakoni karo wong-wong sing pada manut marang prejanjian sing ndisik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané Panjenengané dadi Lantarané perjanjian anyar, supaya wong-wong sing wis dipanggil pada bisa nampa warisan langgeng sing dijanjèkké, awit wis ana sing mati kanggo nebus panerak-panerakké sing ditindakké sak njeruhné perjanjian sing pisanan.