Hebrews 9:23 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, dipikir déwé saiki! Lah nèk barang-barang sing namung dadi gambaré prekara-prekara sing nang swarga waé kudu disutyèkké nganggo kurban sing kaya ngono, lah prekara-prekara sing nang swarga menèh, apa ora kudu luwih gedé kurbané?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Dadiné, samubarang sing dadi gambarané kabèh ing swarga kuwi kudu disutyèkké karo tyara mengkono, nanging barang-barang swarga déwé disutyèkké karo kurban-kurban sing luwih betyik tenimbang kuwi.