Hebrews 9:4 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nang njeroné kamar kuwi ènèng altaré gawéan emas kanggo ngobong menyan. Nang kono uga ènèng kasé wadah prejanjiané Gusti Allah lan kas kuwi njaba-njeroné disalini karo emas. Nang njeroné kas kuwi uga ènèng kendi gawéan emas isiné manah, yakuwi roti sing sangka swarga lan uga ènèng tekené Imam Gedé Aron. Mbiyèn teken kuwi tau metu kembangé. Kejaba kuwi kabèh, nang njeroné kas emas kuwi uga ènèng watuné rong lembar sing ngemot tulisané angger-angger sepuluh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kono ana mesbèhé pedupan emas lan peti perjanjian sing dilapis emas rata; ing njeruhné ana botol emas isi manna lan teken duwèké Harun sing wis tau semi lan watu blèbèkan sing isi perjanjian,