Hosea 13:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa Aku bakal ngluwari wong-wong kuwi sangka pangwasané ndonyané wong mati, utawa Tak tebus sangka pati? Hé! pati, ing ngendi lelara pèsmu, hé ndonyané wong mati, ing ngendi kekuwatanmu ngrusak? Ing mripat-Ku ora ana kawelasan.