Hosea 2:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan ing dina kuwi kowé bakal Tak gawèkké perjanjian karo kéwan-kéwan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, uga karo sak kabèhé kéwan sing nggremet ing bumi. Gendéwa, pedang lan pirantiné perang bakal pada Tak entèkké sangka bumi, lan kowé bakal Tak gawé bisa nglèyèh turu karo tentrem.