Hosea 2:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane, nanging ora bakal kecandhak, sarta arep nggoleki para bedhangane iku, nanging ora ketemu. Temah banjur bakal ngucap: Dakbali ngulihi bojoku jaka-lara, marga kaananku nalika samana luwih kapenak tinimbang karo saiki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus arep ngoyak-oyak para bédangané, nanging ora bakal ketyandak, lan arep nggolèki para bédangané kuwi, nanging ora ketemu. Nganti terus ngomong: Tak bali mulih menyang bojoku sing pisanan, awit kahananku waktu semono luwih kepénak tenimbangané karo saiki.