Isaiah 10:24 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah: “He umatingSun kang manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, manawa iku nggebug sira kalawan gada lan menthung sira kalawan penthunge, kaya kang ditindakake Mesir biyen.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané mengkéné tembungé Gusti Allah, GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: “Hé umat-Ku sing manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, yèn kuwi ngampleng kowé karo gepuk lan mentung kowé karo pentungé, kaya sing ditindakké Egipte mbiyèn.