Isaiah 15:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku mbengok marga saka Moab; wong kang ngungsi wus padha tekan ing Zoar, ing Eglat-Selisia. Lah wong padha ngunggahi unggah-unggahan Luhit kalawan nangis; lan ana ing dalan kang menyang Horonaim wong padha njerit marga tinempuh ing sangsara.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku mbengok awit Moab; wong sing ngungsi wis pada tekan Soar, ing Eglat-Selisia. Lah wong pada ngunggahi unggah-unggahan Luhit karo nangis; lan ing dalan sing menyang Horonaim wong pada njerit awit kena karusakan.