Isaiah 17:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku bakal ana turahane kanggo asagan kaya nalika wong ngerog woh jaitun, ana siji loro kang kari ing pucuke, lan ana sawatara ing pang-pange, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi bakal ana turahané kanggo asakan kaya waktu wong nggerok woh saitun, ana siji loro sing kèri ing putyuké, lan ana siji-loro ing pangé, mengkono tembungé GUSTI, Gusti Allahé Israèl.