Isaiah 18:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
kang ngirimake duta-duta ngliwati sagara kalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu! Mangkata, he para utusan kang cukat, nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane, golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endi yaiku bangsa kang wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
sing ngirimké para kongkonan ngliwati segara karo prau-prau pandan ngliwati nduwuré banyu! Lungaa, hé para kongkonan sing tyepet, nemoni bangsa sing duwur dedekké lan sing klimis kulitané, marang golongan sing diwedèni ing ngendi-endi ya kuwi bangsa sing ulet lan seneng nindes, sing negarané keterjang karo kali-kali!