Isaiah 20:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong-wong banjur bakal padha kaget lan wirang marga saka Etiopia, kang dadi bakuning pangarep-arepe, lan marga saka Mesir kang dadi kamongkogane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong terus bakal pada kagèt lan kisinan awit sangka Etiopia, sing dadi pokoké pengarep-arepé, lan awit sangka Egipte sing dadi gunggungané.