Isaiah 21:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lah punika sampun wonten prajurit sagelengan ingkang dhateng, wadya-bala kapalan! Wong mau banjur nguwuh-uwuh maneh: “Sampun rebah, Babil sampun rebah, tuwin sakathahing recanipun brahala sampun karemukaken saha pating slebar wonten ing siti.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lah kuwi wis ana suradadu sak kumpulan sing teka, suradadu sing numpak jaran! Wong mau terus mbengok menèh: “Wis ambruk, Babèl wis ambruk, lan kabèh retyané brahala wis diremuk lan pating slebar ing lemah.”