Isaiah 25:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula; kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka; amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elok ingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh GUSTI, Panjenengan sing dadi Gusti Allah kula; kula bakal ngluhurké Panjenengan, bakal ngidungké kidung maturkesuwun kanggo asma Panjenengan; awit karo setia lan kekuwatan enggèn Panjenengan, nindakké rantyaman sing nggumunaké sing wis ana wiwit mbiyèn.