Isaiah 29:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono sira bakal ngesorake awakira lan sira banjur nywara saka sajroning bumi, tembung-tembungira keprungu lamat-lamat saka ing sajroning lebu; swaranira unine bakal kaya swaraning arwah saka ing sajroning lemah, tuwin tembung-tembungira bakal keprungu kayadene bisik-bisik saka ing sajroning lebu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kono kowé bakal ngasorké awakmu lan kowé terus nyuwara sangka sak njeruhné bumi, tembung-tembungmu krungu lamat-lamat sangka sak njeruhné lebu; swaramu uniné bakal kaya swarané roh préwangan sangka sak njeruhné lemah, lan tembung-tembungmu bakal krungu kaya bisik-bisikan sangka sak njeruhné lebu.