Isaiah 29:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
kayadene wong luwe kang ngimpi lagi mangan, bareng tangi wetenge isih kothong, utawa kayadene wong ngelak kang ngimpi lagi ngombe, bareng tangi nyatane isih sayah, gorokane isih ngelak, kaya mangkono bakal kadadeane sakehe wadya-balane para bangsa kang perang nglawan gunung Sion.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
kaya wong ngelih sing ngimpi ijik mangan, bareng tangi wetengé ijik kosong, utawa kaya wong ngelak sing ngimpi ijik ngombé, bareng tangi nyatané ijik kesel, gorokané ijik ngelak, kaya mengkono bakal kedadiané sak kabèhé suradadu para bangsa sing perang nglawan gunung Sion.