Isaiah 31:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit mengkéné tembungé GUSTI marang aku: “Kaya singa utawa singa nom sing nggereng-nggereng ngwasani memangsané, lan ora wedi krungu gembar-gemboré pangon sak golongan sing diklumpukké arep nglawan, lan ora mundur karo raméné, ya mengkono bakal meduné GUSTI sing ngwasani langit lan bumi lan terus perang nyekel gunung Sion lan puntuk-puntuké.